Acharei Mot

Wedhus Irreng (lukisan taun 1854 dening William Holman Hunt)

Acharei Mot (uga Aharei Mot, utawa Aharei Mos) (אַחֲרֵי מוֹת, Ibrani kanggo "sawise seda") yaiku Wacaan Torèt Saben Minggu ka-29 ing siklus wacaan Torèt Yahudi taunan. Wacaan kasebut menika wacaan saben minggu (פָּרָשָׁה, parashah) kaenem ing Kitab Kaimaman, sing meliputi Kaimaman 16:1-18:30. Wacaan kasebut njupuk jeneng saka tembung Ibrani kalima lan kaenem saka parsyah kasebut, tembung distinsif kapisane: "Sawise putrane Rama Harun kang loro mati nalika padha nyedhak marang ing ngarsane Sang Yehuwah, Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa".[1] Versi endhep saka jeneng parsyah kasebut menika Acharei (אַחֲרֵי) sing artine "sawise".

  1. Kaimaman 16:1

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy